Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/248

Kaca iki wis divalidasi
Wedhus
Trimo Legowo

“Aneh, aneh tenan Pak Cungkring kuwi,” Pak Mantri sing wiwit mau mung ngrungokake sing padha crita ing warung kopi melu urun rembug.

Kadir sing lagi wae teka, sajak durung dhong karo perkara sing padha dirembug banjur takon, “Jane padha ngrembug apa ta iki, kok kaya mikir negara wae.”

Kadir mapakake bokonge ana dhingklik kayu dawa karo pesen kopi kaya adat saben, Pancen Kadir iku anggota tetap warung kopi kuwi.

Pak Darman anggota senior warung kopi sawise Pak Mantri, banjurtakon marang Kadir, “Dir, kowerak ngerti Pak Cungkring, ta? Kaelho sing gaweane angon wedhus ning pinggir kali Lusi,” karo nyruput kopi kothok sing kari setengah cangkir.

“Ah, ya ngerti, ta. Pak Cungkring kae wonge jujur, seneng tetulung senajan dheweke kuwi jan-jane ya wong kurang.”

“Yen kuwi aku percaya,” Jan Kombor sarujuk karo omonge Kadir nanging Jan Kombor banjur kukur-kukur rambut sing ora gatel amarga rembugan ing warung iki bakal ora gayeng yen perkarane dadi slenco karo sing dirembug sadurunge. Jan Kombor banjur ngenggokake supaya perkarane mbalik asale. “Nanging perkarane sing dirembug dudu kuwi, Dir.”

“Lha gawat iki. Pak Cungkring duwe perkara apa? Sangertiku Pak Cungkring kuwi wonge ora neka-neka,” Kadir wiwit

Nalika Rembulan Bunder 237