Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/249

Kaca iki wis divalidasi

rada gumun amarga Pak Cungkring mokal gawe perkara kang neka-neka.

Pak Darman ngerti apa sing dikarepke Jan Kombor banjur wiwit nerangke Kadir supaya mudheng perkarane Pak Cungkring sing dirembug ning warung iki.

“Bener kandhamu, Dir, yen Pak Cukring kuwi wonge jujur lan enthengan, Kuwi ora usah dirembug pancen apike wong urip ning masyarakat ya kaya ngono iku.”

“Lha, terus ...,” pitakone Kadir sing ora dibacutake.

“Ngene takeritani, Dir,” omonge Pak Darman karo nata lungguhe supaya kepenak anggone crita. “Pak Cungkring rak duwe anak sing lagi lulus SD, ora disekolahke meneh malah dikongkon angon wedhus. Apa kowe ya mentala nyawang? Kancane sapantarane padha sekolah, dheweke malah nuntun wedhus.”

“Mangka iki mlebu sekolah wis rong minggu kepungkur. Yen ora ana sing ngrembugi supaya Pak Cungkring gelem nyekolahke anake rak ya kojur, ta?” Pak Mantri wiwit mikir golek cara supaya piye carane Pak Cungkring gelem nyekolahke anake.

“Lha niku mboten kirang-kirang warga ngriki elik-elik Pak Cungkring supados nyekolahke anake. Wingi kancane sekolah Nyono sami dugi wonten griyane Pak Cungkring. Karepe bocah-bocah niku nggih sae, supados Nyono niku disekolahake. E, malah bocah-bocah niku disentak-sentak kalih Pak Cungkring. Nyatane Nyono nggih tetep mboten disekolahke,” Jan Kombor nerangake marang Pak Mantri.

“Kowe kok ngerti? Apa kowe ngerti dhewe?” pitakone Pak Darman marang Jan Kombor.

“Lha Nyono kuwi rak kancane sekolah anakku. Anakku ya melu ning omahe Pak Cungkring.”

“0, lagi ngerti aku saiki,” Kadir nyaut omonge Jan Kombor. “Dadi kanca-kancane anakku padha nglumpuk, ya ana anakmu barang kae rak ngrembug Pak Cungkring.”

238 Antologi Cerkak