Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/25

Kaca iki wis divalidasi

"Sampun kathah-kathah anggen kula matur, Pak. Nanging bapak panggah pungguh yakin menawi kula enggal pinanggih priya punika."

"Umpama priya kuwi tresna karo Bu Titi nanging ora kagungan ali-ali mata biru, apa bapak uga ora bisa nampa?" pitakone Prasojo.

Nastiti ora njawab, malah saya mingsek-mingsek.

"Umpama aku sing matur bapak, aku kepingin nglamar Bu Titi nanging adhedhasar tresna, ora amarga duwe ali-ali mata biru?" ujare Prasojo.

"Pak Pras. Pak Pras tresna kula, Saestu pangandikan Panjenengan, Pak?" pitakone Nastiti.

"Iya, Bu, aku tresna karo Bu Titi, malah wiwit aku ketemu ana ruang kepala sekolah," jawabe Prasojo.

"Nanging bab ali-ali mata biru pripun?"

"Ya, nek bapak kepareng, syukur. Nek ora kepareng, ya nganggo dhasar sing dikersakake bapak."

"Berarti Pak Pras kagungan ali-ali punika?" pitakone Nastiti karo gragapan.

Prasojo manthuk.

"Pak Pras ki lho senengane mbeda. Uwong kok nggemeske. Uwong kok senengane gawe kogel lho," ujare Nastiti karo njiwiti Prasojo.

Sing dijiwiti ya ora endha. Tangane Nastiti loro-lorone digegem Prasojo. Senajan ora kawetu ing lesan nyatane ati loro wis padha ngandhakake perasaane dhewe-dhewe.

Langit sisih kulon katon padhang njinggrang kena sorote srengenge sing melu mesem nyawang atine Prasojo lan Nastiti sing wis nyawiji.

***

Dina Minggu esuk Prasojo wis dandan klimis, nanging beda karo atine sing ora karu-karuwan. Atine sing wingi-wingi wis mumbul ana langit, dina iki loyo tanpa daya. Pangganthane

14 | Antologi Cerkak