Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/250

Kaca iki wis divalidasi

“Lha, iku rak sing ngrembugi bocah, dadi ya ra digugu karo Pak Cungkring, Apa meneh bocah rak ya durung mudheng apa sebabe Pak Cungkring ora pelem nyekolahke,” omonge Pak Darman.

“Bener, Pak.” Pak mantri nyambung. “Mesthi ana sing nyebabake Pak Cungkring ora gelem nyekolahake anake.”

“Wong kaya Pak Cungring ora gelem nyekolahake anake sebabe rak nggih empun cetha, ta, Pak Mantri. Napa melih nek mboten biaya,” Jan Kombor wiwit ngira-ira kena ngapa Pak Cungkring ora gelem nyekolahake anake,

“Bener Jan, apa meneh nek ra biaya,” Kadir sarujuk karo sing diomongake Jan Kombor,

“Nanging rak ya durung cetha, apa bener Pak Cungkring ora gelem nyekolahke anake merga biaya,” Pak Mantri rada ora percaya.

“Ora ah, yen merga saka biaya rak bisa dirembug. Biaya rak bisa diatasi nganggo bantuan PIP apa bantuan PKH,” Pak Darman uga sarujuk karo Pak Mantri.

“Lha, terus sebabe napa, Pak Mantri?” pitakone Kadir.

“Lha iki sing kudu dingerteni dhisik, yen wis ngerti sebabe apa banjur digoleki carane ngrampungi.”

“Cocok, Pak Mantri,” Jan Kombor sarujuk karo Pak Mantri karo ngacungake jempole marang Pak Mantri.

“Kula usul,” Kadir nyela. “Pak Mantri kalih Pak Darman sing ngrembugi Pak Cungkring.”

“Aku ora usah melu,” Pak Darman nyaut usule Kadir. “Pak Mantri wis ngrampungi, ora perlu aku. Yen karo aku mengko dikira dikroyok wong loro.”

“Yawis aku dhewe sing mrana,” Pak Mantri nyaguhi.

Pak Cungkring lagi wae rampung anggone resik-resik kandhang wedhus sing ana ing sisih kiwa omahe. Omah cilik saka kayu jati kuwi katon rapi senajan tatanan papane ora rapet,

Nalika Rembulan Bunder 239