Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/251

Kaca iki wis divalidasi

Joganeyamung lemah biyasa nanging amarga ditata lan disaponi resik dadi katon apik. Ing plataran kang ora amba ana tanduran werna-werna. Kentheng memehan ya ana, bandulan kanggo dolanan bocah ya ana. Papan kanggo lungguh-lungguhan ing ngarep omah anane mung tunggak kayu jati kang wis alus merga saking suwene kanggo lungguhan.

Pak Mantri numpak sepedha onthel nyeja arep teka ing omahe Pak Cungkring. Tekan ngarep omahe Pak Cungkring Pak Mantri nyawang omah kok sepi banget ora ana swara uwong. Saka njero omah mung krungu swarane radhio kang disetel tayuban gendhinge “Sambel Kemangi”. Pak Mantri banjur nyedhak penere lawang nanging durung nganti uluk salam wis kedhisikan Pak Cungkring njedhul saka walike lawang kanthi mblojet ora nganggo klambi. Pak Cungkring kaget tur gupuh anggone mbagekake Pak Mantri.

“Oh, Pak Mantri, mangga-mangga, Pak. Nuwun sewu, pinarak riyin, kula tak nganggo klambi.”

Pak Cungkring mendelep maneh mlebu ing sewalike lawang. Pak Cungkring njedhul maneh wis nganggo klambi ireng lengen dawa kathoke sadhengkul werna ya ireng. Ikete uga ireng wis ora tau keri.

“Kok njanur gunung, kadingaren?” Pak Cungkring miwiti rembug marang Pak Mantri karo mbenakake kancinge sing ndhuwur dhewe kang durung pas.

“Nggih, Pak Cungkring. Niki wau sepedhahan saking omahe Kadir, lor niku Iho, terus mampir.”

“O, ngaten,” Pak Cungkring manthuk-manthuk.

“Putrane rak tesih sekolah, ta, Pak?” pitakone Pak Mantri miwiti bab kang dadi tugase.

“Sampun lulus SD, Pak,” wangsulane Pak Cungkring.

“Terus saniki disekolahake teng pundi?” Pak Mantri nerusake pitakone.

240 Antologi Cerkak