Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/252

Kaca iki wis divalidasi

“Dereng wayahe sekolah malih, Pak,” wangsulane Pak Cungkring.

Pak Mantri sanalika mengkerut bathuke. Ora percaya karo wangsulane Pak Cungkring jalaran Pak Mantri ngerti dhewe yen anake Pak Cungkring iku kudune wis rong minggu sekolah ing SMP bareng karo anake Kadir lan Jan Kombor.

“Lho dereng wayahe pripun, ta, Iha nika anake Jan Kombor karo anake Kadir empun sekolah SMP.”

“Lha niku rak anake Kadir kalih Jan Kombor, rak mboten anak kula.”

“Lho anake sampeyan rak tunggal kelas karo bocah loro kuwi.”

“Nggih, leres.”

“Tegese anak sampeyan karo anake Kadir lan Jan Kombor rak wis wayahe sekolah teng SMP kabeh.”

“Mboten.”

“Loh kok mboten, kuwi nalare piye?”

“Bocah sekolah niku gadhah wayah dhewe-dhewe gumantung wong tuwane. Contone anak kula dereng wayahe sekolah SMP senajan kancane empun sekolah SMP kados anake Kadir lan Jan Kombor wau.”

Pak Mantri saya ora bisa nampa apa kang diomongake Pak Cungkring.

“Pak, wayahe sekolah kuwi sing nemtokake pemerintah, dhasare umure bocah, Nek empun lulus SD niku tegese empun wayahe sekolah SMP.”

“Nek kula mboten, Pak Mantri.”

“Lha, terus wayahe cah sekolah niku ukurane napa?” Pak Mantri sajak kepengin banget ngerti alesane Pak Cungkring.

“Wedhus nika,” Pak Cungkring mangsuli karo nuding wedhus kang ngemil ana kandhang.

“Wedhus???” Pak Mantri saya ora mudheng apa sing dikarepake Pak Cungkring.

Nalika Rembulan Bunder 241