Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/253

Kaca iki wis divalidasi

“Nggih, wedhus niku,” Pak Cungkring ngambali. “Wedhus niku sing nemtokake anak kula sekolah napa tetep angon wedhus.”

“O, mudheng kula sakniki, merga duwe wedhus anake sampeyan mboten disekolahke, dikongkon angon wedhus. Niku wong tuwa sing kliru. Wong tuwa sing bener, anake dikongkon angon wedhus nanging nggih tetep disekolahake. Pengin mbo­ten anake sampeyan sekolah kados kanca-kancane kae.”

“Gendheng napa, wong tuwa mboten pengin anake sekolah.”

“Lha, nek mboten gendheng anake ndang disekolahake, napa kula sing ndhaftarake?”

Pak Cungkring kewuhan anggone arep nerangake marang Pak Mantri. Omonge Pak Mantri iku bener nanging karepe Pak Cungkring ora ngono. Pak Cungkring banjur nyoba nerangake.

“Pak Mantri, ngeten lho. Duwe kula nggih namung wedhus niku. Wedhus niku nek didol namung pajeng pinten? Napa cukup kangge ngragadi sekolah anak kula. Rak nggih kedah ngenteni wedhus niku gedhe.”

“Weladalah, o, dadi perkarane ragad, ta. Empun kuwatir sekolah mboten usah mbayar isih entuk bantuan Program Indonesia Pintar (PIP).

“Mboten Pak.”

“Lho, mboten pripun? Sampeyan rak kepengin nyekolahke anake, ta?”

“Nggih, Pak.”

“Biayane durung cukup.”

“Nggih, Pak.”

“Lha, nggih. Kula dhaftarake bantuan PIP, dados anake sampeyan saged sekolah, wedhuse mboten kadol, penak, ta?”

Pak Cungkring kaya kagol atine, sajake ora seneng yen dheweke didhaftarake PIP lan anake sekolah nganggo biaya PIP. Pak Cungkring nyoba nerangkake supaya Pak Mantri bisa nampa apa sing dikarepake Pak Cungkring.242 | Antologi Cerkak