Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/254

Kaca iki wis divalidasi

“Ngeten, lho, Pak, mboten usah anak kula didhaftarake bantuan biaya PIP, mangke nak wedhus kula niku empun gedhe kula dol saged kangge biaya sekolah anak kula. Dados kula jejere tiyang sepuh niku saged nyembadani butuhe anak.”

“Nak ngenteni wedhuse gedhe, anak sampeyan mengko rak ketinggalan sekolahe. Napa sampeyan mboten mesakake yen nganti anak sampeyan ketinggalan sekolahe.”

Pak Cungkring meneng sadhela.mSajak trenyuh nalika Pak Mantri ngungkrah-ungkrah atine Pak Cungkring.

“Batin kula nggih nelangsa, Pak, menawi ningali anak kula boten sekolah. Kula rewangi ngopeni wedhus, buruh-buruh macul, klumpuk-klumpuk supados saged enggal nyekolahaken anak kula.”

“Lha, nggih, supaya ndang saged sekolah anak sampeyan kula dhaftarake bantuan PIP ben ndang saged sekolah.”

“Mboten, Pak Mantri.”

Rembugane wong loro ora ana kerampungane amarga Pak Cungkring tetep mbeguguk ngutha waton ora gelem nyekolahake anake yen nganggo bantuan pemerintah. Dheweke tetep kepengin nyekolahake anake nganggo ragad kang metu saka asile nyambut gawe dhewe. Nalika wong sakloron ijih padha rebut bener Pak Lurah karo Pak Kepala SMP kang pancen arep ndata bocah sing wayahe sekolah nanging ora sekolah rawuh mrono. Wong papat iku dadi sapejagong padha lungguh ing tunggak-tunggak jati kawak.

“Pak Cungkring, tekaku kene karo Pak Kepala SMP mung kepengin ngerti sebabe apa Nyono, anake sampeyan, kok ora didhaftarake sekolah ning SMP, mangka kanca-kancane kabeh wis padha mlebu SMP. Malah kabar sing taktampa anake sampeyan dikongkon ngarit lan angon wedhus. Apa bener ngono, Pak Cungkring?” Pak Lurah kepengin entuk katerangan saka Pak Cungkring dhewe.

“Leres, Pak. Anak kula dereng kula dhaftarake teng SMP.”

Nalika Rembulan Bunder | 243