Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/255

Kaca iki wis divalidasi

“Masalahe apa, Pak Cungkring,” Pak Lurah nerusake pitakone.

“Ngenteni wedhus kula gedhe, Pak. Mangke nek empun gedhe kula sade kangge ragad sekolah anak kula. Lha, yen tesih samonten rak dereng cekap kangge ragad sekolah,” ngono wangsulane Pak Cungkring.

“Pak Cungkring, bocah wayahe sekolah kudu sekolah. Yen masalah ragad yen ora duwe iku ana bantuan pamarintah. Dadi aja kuwatir masalah ragad. Rak ngoten nggih, Pak Kepala?” pitakone Pak Lurah karo nyawang Pak Kepala SMP.

“Nggih, leres, Pak Lurah,” Pak Kepala SMP melu mbenerake panemune Pak Lurah.

“Mboten, Pak Lurah, nyekolahake anak ngangge bantuan negara niku nggih saged, nanging kula mboten purun.”

“Alesanmu?”

“Kula urip teng bumi nusantara niki kantun nglungguhi klasa gumelar, sampun jaman mardika, kari nemu enak kepenak, mboten melu berjuwang kados para pejuwang jaman riyin. Nglabuhi negara nganti toh pati. Lha kok kula mung ngragadi sekolah anake mawon isih nggandhul negara. Njur labuh kula marang negara niku napa?”

Pak Lurah, Pak Mantri, Pak Kepala SMP meneng kabeh ora ngira babar pisan yen atase Pak Cungkring bisa ngomong ngono.

Wong telu banjur sawang-sawangan lan padha aweh sasmita yen ngrampungi perkara iki kudu nganggo cara kaya sing dikarepake Pak Cungkring. Pak Lurah kang rumangsa nduweni tanggung jawab miwiti tugase ngrampungi perkara iki.

“Pak Cungkring, iki mapan kepeneran.”

“Kepeneran pripun, Pak Lurah,”,pitakone Pak Cungkring.

“Sekolah SMP kuwi arep tuku wedhus kanggo praktek ternak ning sekolahan, lha sing digoleki, wedhus sing kaya wedhuse sampeyan iku.”

244 | Antologi Cerkak