Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/256

Kaca iki wis divalidasi

“Rak, nggih, ta, Pak Kepala?” pitakone Pak Lurah marang Pak Kepala SMP.

Pak Kepala SMP rada gagap anggone wangsulan amarga ora rumangsa yen arep tuku wedhus. Nanging merga Pak Kepala tanggap ing sasmita mula banjur diiyani.

“Ngg... nggih, Pak.”

Pak Cungkring praupane byak malih dadi sumringah. Sajak semu mesem karo nanjihake ngendikane Pak Lurah.

“Napa saestu, Pak?”

“Lho tenan, lha, mau sampeyan rak krungu dhewe Pak Kepala ngendikan iya.”

“Lha, badhe dipunpundhut pinten? Nak dereng nyekapi kangge ragad sekolah kula nggih dereng angsal,” Pak Cungkring senajan seneng nanging isih duwe rasa kuwatir.

“Aja kuwatir. Wedhus sampeyan dituku cukup kanggo ragad sekolah anak sampeyan.”

“Matur nuwun, Pak Lurah, Pak Kepala, Pak Mantri, panjenengan sedaya sampun ngluwari masalah kula.”

Pak Cungkring banjur nyalami Pak Lurah, Pak Kepala SMP, lan Pak Mantri. Atine seneng banget. Banget matur nuwune karo panjenengane kabeh. Pak Lurah, Pak Kepala SMP, lan Pak Mantri pamit mulih. Piyantun tetelune senajan ora kewetu ing lesan ing njero batine padha ngudarasa, “Kok isih ana wong kaya Pak Cungkring, ora gelem nampa bantuan pamarintah, mangka lumrahe padha njaluk bantuan malah kepara direwangi regejegan kepengin entuk bantuan.”

***

Nalika Rembulan Bunder | 245