Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/258

Kaca iki wis divalidasi
Wewates Kanggo Narmo Jefrianto

“Pokoke, Nar, omahe kudu persis karo reng-rengane Januri!”

“Lha, kok, kudu padha ngono ta, Mas? Reng-rengane bae ora bener kok, meh dipeksakake?”

“Wis, kowe ora usah kakehan cangkem! Kowe pilih manut karepku apa kowe minggat sisan saka kene?”

Narmo mung bisa meneng sawise kangmase ngucap tetembungan kang babar pisan ora nate kinira sadurunge. Dheweke tetep ora sarujuk yen omah anyare Kamsa arep nganggo modhel reng-rengane Januri.

Yen tetep nganggo reng-rengane Januri, iku ateges kang­ mase wis nyalahi aturan amarga tingkat loro omahe dibangun ngluwihi wates tanah. Sakjane, ora dadi prekara amarga ora nyuda dalan. Ananging tetep, miturut Narmo, iku ora sabaene. Iku mujudake sikap kang ora adil.

Narmo pancen ora duwe kuwasa karo kangmase. Lagi iki dheweke ngrasa banget yen urip nunut pancen ora kepenak. Nanging, tinimbang ngglandhang, Narmo pilih nunut urip melu Kamsa.

Sakjane, wis pirang-pirang wong kang nyalahake dheweke amarga ora duwe sikap. Ora wani njupuk risiko ninggalake kang­ mase. Rata-rata padha omong, yen, Narmo iki mung diperalat dening kangmase. Malah nate, Narmo ora sengaja ngrungu gunem kang banget nelangsani atine. Dheweke diwastani buntel. Buntelan kabusukane Kamsa.

Nalika Rembulan Bunder | 247