Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/26

Kaca iki wis divalidasi

bakal nggandheng Nastiti ambyar. Ali-ali mata biru minangka pitukon kanggo nebus katresnane Nastiti jebul ilang. Dheweke ora kelingan ana ngendi olehe nyimpen ali-ali kuwi. Saben pojok panggonan sing sekirane tau kanggo nyelehakake ali-ali wis digoleki, nanging panggah ora ketemu.

Pungkasan dheweke dolanan ali-ali mata biru dieling-eling sak bubare bali saka kos-kosane Nastiti. Nalika iku dheweke bombong atine jalaran katresnan sing ana njero ati ditimbangi Nastiti. Dumadakan syarat pitukon rupa ali-ali mata biru uga diduweki. Nanging, kena ngapa bubar kuwi Prasojo wis ora kelingan anggone nyelehake. Prasojo mlaku wira-wiri, mrana-mrene, Bathuke cekot-cekot, Arep mangkat neng omahe wong tuwane Nastiti dadi ragu-ragu, atine mangu-mangu. Tiwasa mangkat mung modhal tresna tanpa pitukon apa bisa bapake Nastitinampa. Nanging, kalah cacak menang cacak kudu dicoba. Tangane Prasojo nggegem sakayangekanggo nyemangati karep.

Sepedha motor wis digeber mangidul parane. Dalan agal alus diterak, Ora peduli sepedha motore yen sambat, Tekan kutha ngliwati patung Kreta Kencana terus mengidul. Sawise tekanStadion Pandan Arang, Prasojo mandheg sedhela, nggoleki alamat sing dikandhakake Nastiti. Bareng wis yakin ketemu dalane, Prasojo nggeber sepedha motor arah Kragilan.

Ana omah cakrik limas kang jembar platarane, Kiwa tengen omah kuwi ana tetanduran kembang kang maneka warna. Ndelalah ngepasi kembang kuwi padha mekar mangrurah sari, mawar, melati, kenanga, tan keri adenium, gelombang cinta nganti sansivira.

Prasojo mesem kaya kesengsem, Ora amarga tetanduran kang ana, nanging sing ngupakara, Yakin mesthi Nastiti iki. Sepedhamotor dituntun alon-alon terus diparkir, Ing kono malah wis ana sepedha motor parkir. Iki ana tamu, pikire Prasojo, Mula Nastiti ora ana. Kandhane Nastiti jare Prasojo bakal diadhang ana ngarep lawang.

Nalika Rembulan Bunder | 15