Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/260

Kaca iki wis divalidasi

Lan pepindhan amung kari pepindhan, swara batine Narmo. Nganti ora krasa pancinge glesah-gleseh. Madya kang sigap langsung narik pancinge Narmo.

“Nar, kowe iki, piye, ta, mancing kok ditinggal nglamun? Kesambet widadari apa piye?”

“Urung! Sing teka malah prajurit pacunthelan. Umub sirahku!”

Narmo njambak rambute dhewe. Madya amung bisa meneng ndeleng polahengene.

“Ehm, nuwun sewu. Apa iki ana gayutane karo kangmasmu, Nar?”

“Ya ngono kae, Ya. Aku dhewe bingung saiki meh kepiye. Nuruti Mas Kamsa apa aku nyingkir bae. Lunga saka kana golek panguripan dhewe.”

“Lha kok?”

“Ngerti dhewe ta, masku kae kepiye wonge? Saiki coba, mosok arep gawe tingkat loro nanging mangan setengah dalan, uwal saka wewates kang wis ditetepake. Apa bener kuwi? Ora isa aku nuruti kaya ngono. Iku nyalahi keadilan jenenge!”

“Mbok ya ora papa, rak mung tingkat loro? Rak ora nutupi dalan? Maneh yen kowe nuruti kangmasmu, rak mung dadi pelaksana. Sing duwe niyat iku kangmasmu. Kowe ora bakal mikul dosane Pak Kamsa. Percayaa, Nar!”

Wong loro iku sidane malah kaya wong padu. Babagan mancing ditinggal. Lan saiki kari rembug becik alane bab omah anyare Kamsa.

“Ning yen pilihanmu tetep ngono kuwi, ateges kari kowe arep kepiye sabanjure, Nar. Kowe arep nggugu bab sing kok yakini apa tetep melu karepe kangmasmu?”

Madya banjur sidhem. Dheweke mung mesem sawise ora ana jawaban. Amung tembung pamitan kang tininggal saka Narmo kang ngilang ana ing jejering wit gedhang.

Nalika Rembulan Bunder | 249