Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/261

Kaca iki wis divalidasi

Bengine, Narmo nemoni Kamsa.

Dandanane rapi, mesisan nggawa koper loro. Kanthi pandelengan bingung tumrap adhine, Kamsa alon nyruput kopi kang isih kemebul.

“Aku nyuwun ngapura sadurunge, Mas. Kabeh wis takpikir mateng-mateng. Aku tetep ora bisa nuruti karepe sampeyan. Ora ngapa, takpilih dalan iki. Aku pilih misah saka sampeyan. Apurana aku yen ora bisa dadi sedulur kaya kang sampeyan karepake.”

“Oh, ngono sidane? Tenan, wis yakin?”

Narmo manthuk, sanadyan mripate rada kembeng lan lambene katon nahan geter.

“Yoh, kana! Ora usah kesuwen ngadeg ing ngarepku. Ndang! Lila legawa atiku ngecul kowe, Bocah Tengik!”

“Sepisan maneh aku nyuwun ngapura, Mas. Maturnuwun kanggo sakabehane. Aku pamit, assalamu’alaikum.”

Narmo nggeret koper, metu saka gerbang. Kamsa kayakaya wis ora pengin nggugu maneh.

Lan saiki, wis pitung sasi kaliwatan sakalungane Narmo. Omahe Kamsa wis jejeg. Persis karo reng-rengane Januri. Tingkat lorone tetep mangan setengah dalan. Nanging, warga sakiwa tengen ora nggagas tumrap prekara kuwi.

Nah, temtu bae ora digagas. Sabab, Kamsa iku kerep nyumbang dana kanggo pembangunan ing desa. Dadi kanggo wong-wong kang “dianggep” ing desane, Kamsa iku kaya pahlawan bidang keuangan.

Ing sawijining dina, omahe Kamsa dinggo giliran arisan. Ibu-ibu kanthi klambi gamis lan dandanan klimis baris-binaris kawistara nuju omahe Kamsa.

“Piye ya, Jeng, nasibe Dhik Narmo? Mesakke tenan cah menengan kaya ngono kae malah pethal karo kangmase.”

“Ya, wis dadi karepe kok,Yu, ngapa kok urusi? Mbokben sakarep-karepe bae.”

250 | Antologi Cerkak