Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/262

Kaca iki wis divalidasi

“Hooh, bener kuwi. Wis rasah digagas. Mendhing nggagas arisan bae. Eling, lho, arisan iki wis ping papat ning kok salah siji saka awake dhewe durung ana sing entuk, ya?”

Guneman banjur sambung sinambung binarung barisan tembung-tembung ing jero latar omahe Kamsa. Ing njaba, motor lan mobil jejer jinejer mujudake parade sugih lan beja.

Ora nyana, pacitane jebul kurang. Kamsa misuh-misuh marang Panut, kang wis diwenehi jejibahan kanggo nyiapake pacitan. Panut kang wedi campur bingung sidane metu golek panganan.

Ing pojokan gang, Panut kepethuk grobag bakso. Dheweke langsung mudhun, pesen tumrap si bakul.

“Rolas porsi, Mas! Tulung diterke menyang omah ing pojokan dalan iki. Kae lho, omah werna soklat sing kebak mobil ing platarane.”

“Daleme Pak Kamsa, ta? O, nggih, mangke kula teraken.”

Bakul bakso iku ora nyiapake mangkok, malah banjur mbukak topi. Mandeng Panut kang gemrobyos ngelapi kringete kang pating dleweran.

“Narmo!”


Kroya, 2012


Jefrianto, lair ing Cilacap 19 April 1990. Dedunung ing Baturraden, Banyumas. Akarya kanthi basa Indonesia lan basa Jawa. Ngedegake saperangan

komunitas lan lembaga sastra, kaya dene Komunitas Sastra Rupa, Komunitas Bala Jawa, lan Damel Ukara. Bisa ditepungi ing akun facebook Jefrianto, lan instagram @inijefry.

Nalika Rembulan Bunder | 251