Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/263

Kaca iki wis divalidasi

Wuru

Heri Suritno


Dina Minggu wayah awan, udakara jam loro. Mbah Sapon lagi lungguh leyeh-leyeh ana ing emperan omah. Pasuryane katon ora patiya bombong. Dheweke ulat iling marang omahe sing wis molahi padha bodhol. Penglarine wis padha tepo, bolong-bolong kanggo omah kumbang. Dhanyange padha copot. Pompoke malah wis kabur embuh mengendi.

Sejatine, nalika Mbah Sapon nyawang kahanan omahe kang wis padha tepo, ora patiya dadi pikiran. Banjur Mbah Sapon sebenere lagi menggalih apa? Kang lagi dadi pikirane Mbah Sapon kuwi jebule rombongan kesenian jathilan Sapa Nyana. Rombongan jathilan kang dipandhegani dening Mbah Sapon kuwi nasibe pancen nelangsani banget. Wiyaga lan pemaine akeh sing wis sepuh-sepuh lan padha mriyangen. Perkakase akeh sing wis padha tepo dipangan bribik. Gamelane wis padha tiyengen. Sandhangan jathilane uga akeh sing wis padha sowek dikrikiti tikus.

Nyawang kahanan sing kaya kuwi, Mbah Sapon bisane mung pasrah marang Sing Gawe Urip karo ngudarasa, ”Aku wis rumangsa tuwa! Eh, muga-muga wae rombongan jathilan Sapa Nyana bisa tetep langgeng, lestari, lan ana sing gelem ngganteni aku dadi pawang jathilan.”

Nembe wae rampung ngudarasa, dumadakan Mbah Sapon krungu ana swara pit montor menggok mlebu maring latar. Mbah Sapon mandeng lan ngepan-ngepanake marang priyayi sing nunggang pit montor kuwi.

252~ Bantul Sangsaya Pinunjul ~