Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/264

Kaca iki wis divalidasi

“Mangga, sinten, nggih?”

“Pangling napa, Mbah?” pangucape wong sing nembe wae teka karo nyetandarake pit montor.

“Pak Pur napa, nggih?”

“Nggih, Mbah.”

“Kula nggih mboten pangling kalih swantenipun!” wangsulane Mbah Sapon katon sumringah.

“Nggih syukur, Mbah.”

“Mangga, mangga, mriki mlebet!”

“Nggih, Mbah!”

Mbah Sapon sajake gati-gati banget marang tamu sing nembe wae rawuh kuwi. Pak Pur pancen digadhang-gadhang banget supayane gelem dadi penimbul utawa pawang jathilan nggenteni Mbah Sapon sing yuswane wis 75 taun lewih. Maune Pak Pur katone mandan wigah-wigih. Nanging, saiki mbareng wis liren dadi kepala sekolah lan bali maneh dadi guru kelas, dheweke nyanggupi dadi penimbul. Mung wae Pak Pur duwe penjaluk, yakuwi njaluk didhampingi Mbah Sapon nalika jathilane labuh.

Ana ing emperan omah, wong loronjuran padha guneman umyek banget.

“Njanur gunung, kadingaren wonten wigatos punapa nggih, Pak?” pitakone Mbah Sapon.

“Anu Mbah, badhe wonten ingkang nanggap jathilan Sapa Nyana,” wangsulane Pak Pur.

Krungu arep ana sing nanggap jathilan, raine Mbah Sapon katon sumringah. Bungah banget.

“Sinten ingkang badhe nanggap?”

“Bibi Jemikem.”

“Dinten napa?”

“Dinten Kemis.”

“Kemis napa nggih?”

Nalika Rembulan Bunder | 253