Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/265

Kaca iki wis divalidasi

“Kemis Pon.”

“Wulan seniki?”

“Inggih.”

“Waduh, dinten niku ngepasi kalih weton kula,” pengucape Mbah Sapon rada semu gela.

“Dadosipun kepripun?”

“Kepeksanipun kula mboten saged ndhampingi panjenengan.”

“Kenging napa mboten saged ndhampingi?”

“Amargi badhe damel syukuran.”

Pak Pur katon semu gela mbareng krungu ngendikane MbahSapon sing jere ora bisa ndhampingi nalika jathilanelabuh,

“Terus terang kula taksih grogi. Dereng tatag nambani tiyang saweg wuru menawi mboten dipun dhampingi dening Mbah Sapon.”

“Mboten usah grogi. Ingkang tenang kemawon.”

"Langkung-langkung ngenjang tanggapanipun wonten dalemipun Bibi Jemikem, Mbah.”

“Labet wonten dalemipun Bibi Jemikem nggih mboten napa-napa! Pokokipun labet wonten pundi kemawon mboten usah kewatos.”

“Kula radi kewatos.”

“Sebabipun kenging napa?”

“Bibi Jemikem niku jaka laranipun Kang Samin.”

“Nggih kula ngertos menawi Bibi Jemikem punika nate dados garwane Kang Samin ingkang kawitan.”

“Nah, niku. Kula dados kewatos mbok ngantos Kang Samin anggenipun wuru damel polah, Jalaran terose sejatosipun Kang Samin taksih remen kaliyan Bibi Jemikem. Rumiyin sebabipun pisahan jalaran mertuanipun ingkang prentah pegatan. Kang Samin dipunanggep mboten gadhah tanggel jawab dumateng keluwarga amargi entukipundados gentho mboten purun

254 Antologi Cerkak