Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/267

Kaca iki wis divalidasi

Dina Kemis Pon rombongan jathilan Sapa Nyana sida labuh anaing omahe Bibi Jemikem. Dina kuwi Bibi Jemikem lagi duwe kaul. Anake wadon sing kerja ana ing luwar negri mulih karo nggembol dhuwit pirang-pirang kanthi waras slamet, Senajan jathilane urung molahi labuh, nanging sing nonton wis padha ubrung ramebanget, Bakul-bakul padha laris dagangane. Pancen nyatane, tontonan jathilan ora mung kanggo seneng-seneng thok, nanging uga bisa kanggo nambah pekasilane bakul-bakul.

Nalika jathilane labuh, Kang Samin, Surip, lan Martono olehe wuru katon semangat banget. Sing nonton padha surak-surak ramai banget. Nanging atine Pak Pur dheg-dhegan. Jalaran dheweke weruh Kang Samin, Surip, lan Martono olehe wuru ora gelem mari-mari senajan wis dijagal-jagal lan disembur. Wong telu kuwi malah padha mlayu segeleme nabraki sing nonton.

“Adhuh cilaka iki!” pangucape Pak Pur karo bingung.

Nanging ora watara suwe, dheweke banjur kemutan karowelinge Mbah Sapon. Angger wong telu kuwi olehe wuru gawe gendra, Mbah Sapon supaya enggal-enggal diparani. Ora kanthi suwe, Pak Pur banjur ngawe marang Turisman, tukang sepeker, arep diprentah.

“Kang Turisman, mrenea sedhela!”

“Nggih, Pak, wonten napa?”

“Tulung, enggal-enggal parani Mbah Sapon. Omongna lamona Kang Samin, Surip, lan Martono olehe wuru sekarepe dhewe. Ora gelem mari senajan wis ditambani,” prentahe Pak Pur Maring Turisman.

“Nggih, Pak!” wangsulane Turisman.

Turisman enggal-enggal nyetater pit montore banjur tumuju marang omahe Mbah Sapon.

“Wah, gawat, Mbah!” wadule Turisman marang Mbah Sapon.

“Gawat kenangapa?”

“Kang Samin, Surip, lan Martono damel polah, Mbah,”

“Gawe polah kepiye?”

256 Antologi Cerkak