Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/268

Kaca iki wis divalidasi

“Mboten purun mantun anggenipun wuru. Malah nika sami mlajar-mlajar nabraki tiyang nonton.”

Krungu wadulane Turisman, Mbah Sapon enggal-enggal nyaut pulpen banjur nulis ana ing sewekan kertas.

“Wah, mesthi Mbah Sapon agi nulis japa mantra kangggo mambani Kang Samin, Surip, lan Martono,” Turisman mbatin.

Ora watara suwe, Mbah sapon ngulungake sewekan kertas karo kandha, “Iki aturake marang Pak Pur, Tulisane supaya diwacallirihan wae ana sacedhake kupinge si Samin!”

“Mbah Sapon mboten tindak mrika?”

“Ora, aku agi ora kober.”

“Nggih, Mbah! Lajeng ingkang kangge nambani Surip lan Martono pundi?” pitakone Turisman.

“Pak Pur kuwi wis pinter, Wis duwe japa mantra kanggo nambani Surip lan Martono,” wangsulane Mbah Sapon.

“Napaleres, Mbah?”

“Ngandel wae karo omonganku!”

“Nggih, Mbah!”

Mbareng wis nampa kertas sekang Mbah Sapon, Turisman enggal-enggal nemoni Pak Pur,

“Nyuwun sewu, Mbah Sapon mboten saged dugi mriki,” wadule Turisman marang Pak Pur.

“Wadhuh, cilaka iki!”

“Mbah Sapon namung maringi seratan kedah dipunwaos wonten sacedhakipun talinganipun si Samin. Kadose isi seratanipun arupi japa mantra.”

“Ya, ya, endi kertase?”

Turisman banjur enggal-enggal ngaturake cewilan kertas.

Bareng wis nampa kertas saka Mbah Sapon sing digawa dening Turisman, Pak Pur banjur marani Kang Samin sing lagi dijagal-jagal. Kertas enggal-enggal dibukak. Nanging, Pak Pur rada mamang arep macakake isi tulisan ana ing sacedhake kupinge Kang Samin. Jalaran isine udu japa mantra.

Nalika Rembulan Bunder 257