Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/269

Kaca iki wis divalidasi

“Pak Pur, mangga enggal-enggal dipunwaos japa mantrani pun ingkang dipunparingi Mbah Sapon. Niki ingkang sami mjagal Kang Samin sampun sami keselen,” prentahe salah sijine waong sing lagi njagal Kang Samin.

“Iya, iki arep dakwaca!” ujare Pak Pur karo medheki maring sacedhake kupinge Kang Samin,

Sabenere Pak Pur rada kuwatir, aja-aja Kang Samin tetep ora gelem mari. Nanging, bareng Pak Pur maca karo krisik-krisik, dumadakan Kang Samin banjur keton lemes. Dadi eling olehe wuru. Sing padha njagal Kang Samin lega. Padha surak-surak bungah banget.

Sebanjure ana seperangan wong padha glenikan, "Pak Pur wis patut dadi penimbul jathilan temenanan. Ngelmune Mbah Sapon wis temurun marang Pak Pur.”

Ana ing batin sabenere Pak Pur rada gemuyu krungu glenikane wong-wong. Pak Pur ora arep mbukak wadi lamona sing diwaca sebenere udu japa mantra. Nanging tulisane saka Mbah Sapon kaya iki, “Kang Samin, kowe kudu enggal-enggal mari. Jalaran, sedhela maneh arep dakutus ngundang tangga teparo supaya padha kenduren neng omahku. Tki welingan saka aku, Mbah Sapon!”

“Samenika kantun Surip kalih Martono, Pak, mangga enggal diwaosaken japa mantra ingkang diparingi saking Mbah Sapon,” prentahe wong-wong sing nonton padha saur manuk.

“Kae miki anu japa mantra khusus kanggo Kang Samin. Japa mantra sing kanggo Surip lan Martono endi?” pitakone Pak Pur marang Turisman.

“Mboten dipun paringi, Pak,” wangsulane Turisman.

“Lo, iki banjur piye olehe nambani Surip lan Martono?”

“Sanjangipun Mbah Sapon, Pak Pur niku sampun pinter.”

“Pinter kepiye?”

"Terosipun sampun gadhah japa mantra piyambak kangge nambani Surip kaliyan Martono,” wangsulane Turisman,

258 Antologi Cerkak