Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/27

Kaca iki wis divalidasi

Bareng uluk salam, Prasojo kaget. Jebul neng kono wis ana Sumali. Nastiti enggal-enggal nyedhaki Prasojo.

"Pak Pras kok randhat rawuhe, Wong kok ora ngerti dikangeni lho," tembunge Nastiti lirih karo njiwit tangane Prasojo.

"Iki malah Mas Mali, ya wis ana kene," aruhe Prasojo.

"Inggih, Pak," jawabe Sumali cekak.

"Bapak, tindak pa, Bu?" pitakone Prasojo.

"Mboten, Bapak nembe makani si bejo, manuk kutut klangenan," jawabe Nastiti. Ora nganti sawetara si bejo wis manggung. Ngganter suwarane.

"Monggo, Nak. Pinarak," ujare Pak Pringgo, bapake Nastiti.

"Injih, Pak. Kula Prasojo, rencangipun Bu Titi."

"Iya, Nak. Wong Nastiti uga wis crita bab slirane," kandhane Pak Pringgo. Nastiti nuli mlebu ana ing pepungkuran saperlu nggawekake unjukan kanggo Prasojo. Bareng Nastiti wis ora katon, nuli Pak Pringgo celathu.

"Nak, Pras, Kagungan kersa apa ya, dene keraya-raya rawuh ana pondhok kene?"

"Injih, Pak. Nuhoni aturipun Bu Titi. Kula kadhawuhan matur kaliyan Bapak, bab sesambungan kula kaliyan Bu Titi. Estuning sedya mbok bilih Bapak kasdu ing penggalih, Bu Titi badhe kula ajak gesang sesarengan minangka semah kula," ature Prasojo karo nglirik Sumali. Sing dilirik panggah meneng wae, malah kepara ethok-ethok ora ngerti.

"Iki malah mbareng-mbareng. Sak durunge Nak Pras rawuh, Nak Mali uga matur. Wosing gati ya padha pengin Nastiti dadi sisihane, Lha iki sing ndadekake atiku ya bingung," ujare Pak Pringgo.

Prasojo rada muntab atine bareng ngerti yen Sumali uga duwe karep pengin gandheng tresna karo Nastiti.

"Mas Mali, Njenengan kok ora wingi-wingi kandha yen uga pengin karo Bu Titi." kandhane Prasojo rada seru.

16 | Antologi Cerkak