Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/270

Kaca iki wis divalidasi

“Wadhuh!” Pak Pur rada bingung. Nanging Pak Pur pancen wong pinter tenan. Buktine, Surip lan Martono uga banjur padha mari sawise dikrisiki japa mantra dening Pak Pur. Onine japa mantrane kaya iki, “Kowe siki kudu enggal-enggal mari olehe wuru. Jalaran, kuwi delengen kathoke kowe ana sing suwek, Kae sing nonton padha gemuyu jalaran weruh jeroane kowe padha keton. Apa ora isin?”

Sawise dikrisiki dening Pak Pur, Surip lan Martono padha lemes ora duwe daya. Tangane gramakan marang kathoke sing jere suwek. Sebanjure, sing nonton padha ngalem marang Pak Pur. Dheweke dianggep wis duwe japa mantra ampuh kanggo nambani jathilan sing padha wuru. Wis bisa diendelake kanggo ngganteni Mbah Sapon.


Tambak,

Banyumas, Mei 2020



Heri Suritno, lairlan manggon ing datah Kecamatan Tambak, Banyumas, 1 Agustus 1961. Kawit taun 1980 dibenum dadi PNS Guru SD. Kejaba dadi A guru, dheweke uga dadi penulis. Mula bukane dadi penulis srabutan. Dheweke nulis geguritan kanggo bocah-bocah lan remaja, nulis artikel sing 4 entheng-entheng kayata crita lucu lan kedadeyan sing ora dinyana-nyana, lan uga artikel liyane sing gampang-gampang, Suwe-suwe banjur bisa nulis artikel sing abot lan dimuat neng sewenehe surat kabar. Malah, nalika taun 1996 tulisane bisa kepilih dadi jawara 5 tingkat nasional lomba nulis crita anak kanggo guru SD/MI,

Sapet kuwi, tulisane mambrah-mambrah. Neng babagan nulis wis kaping enem dadi jawara sayembara nulis buku fiksi lan nonfiksi tingkat nasional, lan kaping lima dadi jawara sayembara nulis tingkat provinsi. Tulisan buku-bukune ditetepna dening Puskurbuk, Kemendikbud, minangka buku pengayaan nonteks pelajaran kanggo jenjang SD/MI lan SMP/MIS. Buku sing ditulis kayata Mengais Sisa Limbah, Misteri di Balik Asap Dupa Kemenyan, Pesona Taman Bawah Tanah

Nalika Rembulan Bunder 259