Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/28

Kaca iki wis divalidasi

"Injih, Pak Pras. Kula sampun dangu wiwit Bu Nastiti cumondhok wonten griya kula. Keplasing netra ingkang kawitan ndadosaken kula kedah saget nyandhing Bu Nastiti. Mila kula wantun sowan mriki," jawabe Sumali.

"Lha apa ya Bu Titi nimbangi sing dadi karepmu!"

"Tresna punika, dhatengipun mboten saget kanyana. Kala mangsanipun tresna saget manjing jalaran saka kulina. Sinten ngertos, menawi Bu Titi menika mangke saget tuwuh tresnanipun sak sampunipun dados bojo kula," jawabe Sumali.

"Mas Mali!"

“Sabar, Nak Pras. Sabar, Nak Mali. Apa Nastiti durung crita bab ali-ali mata biru?" pitakone Pak Pringgo.

Sumali mesam mesem sajak oleh kamenangan. Prasojo mung bisa garuk-garuk rambut. Iki sing dikuwatirke Prasojo.

"Injih, Pak. Bu Titi nate ngendika mbok bilih, calon jodho Bu Titi kedah tiyang ingkang saget mbeta ali-ali mata biru. Kamangka sampun matahun-tahun kula ngentosi mangsa kala pinanggihipun ali-ali mata biru punika kaliyan kembaranipun. Pranyata ingkang kagungan ali-ali mata biru niku namung Bu Titi. Tegesipun Bu Titi jodho kaliyan kula," ujare Sumali.

"Apa Mas Mali kagungan ali-ali mata biru. Mbok coba tak tontone."

Sumali ngrogoh ali-ali mata biru ana ing kanthonge nuli diaturake marang Pak Pringgo. Prasojo kaget. Kenapa aliali mata biru kuwi ana tangane Sumali. Arep ndakwa Sumali nyolong, nanging ora duwe bukti. Prasojo mung angles kekes tanpa daya.

"Lha Nak Pras apa ya kagungan ali-ali mata biru. Coba takcocokne mbok menawa ana sing padha?"

Prasojo bingung olehe arep njawab. Wong nyatane dheweke ora bisa ngaturake ali-ali mata biru.

"Pangapunten, Pak. Sewau kula ugi gadhah ali-ali mata biru, nanging ali-ali wau ical, musna saking griya kula. Kula yakin

Nalika Rembulan Bunder | 17