Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/29

Kaca iki wis divalidasi

wonten durjana ingkang sampun kumawantun mendhet ali-ali kula," jawabe Prasojo karonglirik Sumali. Sajake Sumali ora trima.

"Menapa Pak Pras ndakwa kula ingkang mendhet?" celathune Sumali rada seru. Prasojo ora njawab.

"Nak Pras ora ngasta ali-ali mata biru?" pitakone Pak Pringgo karo ngulatake Prasojo. Prasojo mung ndhingkluk.

"Ya coba takcocokne karo ali-ali sing dianggo Nastiti," celathune Pak Pringgo nuli mlebu neng pepungkuran.

Saiki kari wong loro, Padha penthelengan tanpa ana sing bisa kandha. Nastiti metu ana ruang tamu karo nggawa wedang.

"Iki Pak Pras unjukane, Sepurane ya, Pak, rada telat," ujare Nastiti.

"Iya, Bu. Ora papa. Aku gumunlho, Bu. Ali-aliku mata biru bisailang. Lha jebul Mas Mali kok bisa duwe, Iki mesthi ana sing salah," ujare Prasojo lirih-lirih ben ora krungu Sumali. Nanging, Sumali krungu.

"Pripun, Pak Pras, Njenengan ajeng miwiti malih?"

"Wis, Mas Mali. Sing bisa nemtokake kuwi Bapak. Mas Mali kendel sik," pangripihe Nastiti.

Ora sawetara Pak Pringgo wis metu saka pepungkuran. Nuli kandha.

"Nastiti, Nak Pras, lan Mas Mali, ali-ali mata biru wis tak-cocokake, Lan pancen bener ali-ali sing digawa Nak Mali kuwi persis jebles karo ali-ali duweke Nastiti. Mula ya sing duwe lan bisa nuduhke ali-ali mata biru iku sing pantes dadi jodhone Nastiti."

Sumali mesam-mesem, jeroning batin, "aku sing bakale bisa mengku kenya ayu, ya Bu Guru Nastiti." Prasojo katon mbesengut ora padhang cahyane.

"Nanging, sakdurunge taktetepake sapa sing dadi calon mantuku. Aku pengin ngerti silsilahe keluarga. Jalaran wong jejodhoan kuwi kudu ditliti bab bibit, bobot, lan bebet," ngendikane Pak Pringgo.

18 | Antologi Cerkak