Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/30

Kaca iki wis divalidasi

"Jaman sakniki mboten sah ngangge ugeran ngoten niku, Pak," cluluke Sumali.

"Wong kuwi duwe kapitayan dhewe-dhewe, Nak Mali, sakiki Nak Mali sapa asma bapa lan biyunge?"

"Bapak kula Suprapto Pawiro dene ibu kula Sutrinah," wangsulane Sumali.

"Lha asma bapa lan biyunge, Nak Pras, sapa?"

"Bapa kula Sumardi, wondene biyung kula Dyah Sri Purwati," ature Prasojo.

Krungu wangsulane Prasojo, Pak Pringgo gemeter, kaya-kaya tresna sing wis suwe kakubur jero-jero ana ati ndadak sakala teka tanpa kinira, Katresnan sing wis diopeni, digemateni wiwit isih kuncup, bareng mekar rinenggut purbaning pesthi dening karepe wong tuwa. Kelingan karo Nik aliyas Dyah Sri Purwati, wanita sing ditresnani. Nalika semana wis sarujuk pada urip bebarengan kanthi kaiket ali-ali mata biru, parandene gagar wigar tanpa karya. Nik kudu dirabi priya liya ya bapake Prasojo. Nik ora bisa suwala amarga wiwit cilik wis dijodhokake karo Sumardi. Kuwate adat lan kukuhing karep wong tuwa datan bisa linawan dening Nik. Nik mung pasrah, sawetara Pringgo tanpa daya sabab Pringgo mung priya pidak pejarakan sing ora timbang drajate karo wong tuwane Nik. Mula tekade wong loro, senajan katresnane ora bisa nyawiji ing tembe keturunane sing, bisa nerusake.

Kelingan kedadean jaman ndhisik, tan rinasa luh dleweran. Nastiti panik. Semono uga Prasojo lan Sumali.

"Pak. Bapak!" kandhane Nastiti.

Pak Pringgo kaget nuli ngusapi luh sing mrebes mili mau. Eling jejere wong tuwa, saru lamun nibakke waspa. Nuli Pak Pringgo unjal ambegan. Karo mesem, Amarga idham-idhamane anggone bakal mujudake nyawijine katresnan bakal kasembadan. Anake Nik jebul wis jaka kumala kala. Prasojo jebul anake Nik sing bakal dadi mantune. Ananging kepiye

Nalika Rembulan Bunder | 19