Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/31

Kaca iki wis divalidasi

nggone mutusi amarga Prasojo ora bisa nuduhake ali-ali mata biru. Pak Pringgo mikir sawetara.

"Nastiti, nyedhaka mrene," dhawuhe Pak Pringgo. "Aku njaluk tulung, undangna Pak Polisi."

"Lho wonten menapa, Pak?" pitakone Nastiti.

"Kanggo mutusi perkara iki. Sebab ana durjana sing gawe kisruh. Ben ngrangket durjana sadurunge mlayu," ujare Pak Pringgo. Prasojo karo Sumali pandeng-pandengan.

"Pak. Ampun, Pak. Kula ingkang salah, kula inkang lepat," ature Sumali karo ngrangkul jengkune Pak Pringgo. Kabeh padha gumun. Kenapa Sumali tumindak mengkono.

"Coba terangna, Nak Mali, nangapa ngaku luput. Ayo lenggah," ngendikane Pak Pringgo.

Sumali lungguh ana kursi nata napas nuli nggancarake.

"Estunipun ali-ali mata biru punika kagunganipun Pak Pras. Dene ingkang mendhet Dik Yuni. Kula remen kaliyan Dik Yuni. Nanging, Dik Yuni langkung tresna dhumateng Pak Pras. Kangge mujudaken gegayuhanipun Dik Yuni damel rekadaya. Nek kula saget nggarwa Bu Nastiti, piyambakipun gampil anggenipun kepengin kawengku Pak Pras. Pangapunten, Pak Pras, Bu Titi," ujare Sumali.

"Mas Mali kok ngerti bab ali-ali mata biru?" pitakone Prasojo.

"Njih, Pak. Nalika Pak Pras sanja wonten griya kula pinang­ gihan kaliyan Bu Titi. Kula api-api dolan. Nanging, sejatosipun kula nguping menapa ingkang dipun rembag Pak Pras lan Bu Titi. Menika kula critakaken kaliyan Dik Yuni. Lajeng kados ngaten kedadosanipun.

"Ya wis. Nak Pras lan kowe Nastiti. Nak Mali wis ngaku luput lan ngaku kabeh tumindake. Mula diapura, ya. Saiki tak­ tetepake. Dene Nak Pras tetep dadi jodhone Nastiti. Perkara larah-larahe ali-ali mata biru mengko takcritakake liya dina. Lan Nak Mali kudu trima yen Nastiti dudu jodhomu," ngendikane Pak Pringgo.

20 | Antologi Cerkak