Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/32

Kaca iki wis divalidasi

Prasojo dirangkul Pak Pringgo semono uga Nastiti. Sumali uga mesem dene karepe bakal gendhon tresna karo Yuni bakal luwih tinarbuka wong nyatane Prasojo ora seneng karo Yuni. Srengenge wis ngancik ana tengah-tengah wiyati. Wancine bedhug tengange.

***
Darsono, lair tanggal 12 Desember 1960 ana kutha cilik Grobogan. Wiwit ana pamulangan SMP, penulis iki wis gandrung lan kasengsem ing reh karya tulis sastra geguritan, crita cekak, lan novel. Akeh geguritan lan cerkak sing wis kasil karipta. Mung emane durung bisa diterbitke dadi buku. Mung siji sing lagi diterbitke dadi buku, yaiku Pelangi di Senja Hari. Buku kumpulan cerkak nganggo basa Indonesia iku diterbitke wulan Maret 2020. Geguritan sing nganggo basa Jawa utawa basa Indonesia mung dipublikasekke ana media sosial facebook.

Penulis iki duwe profesi minangka guru utawa dwija ana pawiyatan SMP Negeri 1 Gubug, Grobogan wiwit tahun 1983. Tahun 2012 penulis diparingi tugas pemerintah ngasta kepala sekolah. Pawiyatan sing wis nate disuhi, yaiku SMP Negeri 3 Wirosari, SMP Negeri 2 Karangrayung, lan SMP Negeri 2 Kedungjati engga seprene.

Karya sastra sing saiki lagi digarap utawa ditulis wujud novel kanthi irah-irahan Suci. Penulis mung bisa duwe pengarep-arep muga-muga karyane migunani kanggo para maos mligine lan masyarakat umume.

Nalika Rembulan Bunder | 21