Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/33

Kaca iki wis divalidasi
Bapake Bambang
Misni G.S.

Ing pojok parkiran pit montor Rumah Sakit Umum Banyumas, Bambang ndhodhok adhep arep karo Nasri, paklike, lan Juminten, bojone Nasri. Bambang namatake pucuking godhong cemara sing dhuwur kaya-kaya ndudul langit kaya atine saiki. Bapake opname ing rumah sakit perlu dhuwit akeh. Bambang pengin mbengok, "Ya, Allah, paringana arta ingkang kathah, sakarung, ya Allah."

Menawa didelok saka kadohan, wong telu iki kaya reca, awake ora obah, ora ana guneman. Bambang mikirke kulawargane bapake sing kebangeten. Kulawarga iku kudu guyub, rekasa melu rekasa, seneng melu seneng panganggepe Bambang kaya ngono. Dene Paklik Nasri lan sedulur liyane duwe panganggep dhewe, wong urip kuwi butuh mangan, ngombe, mula ngrewangi sedulur ki, ya, njaluk opah.

"Menawi kirang arta, kalung niki saged digadhekake, Mas," celathune Munawaroh, bojone Bambang nalika arep mangkat menyang Banyumas. Bambang mung meneng. Jane arep ngudarasa, "Ali-alimu, gelangmu, wis digadhekake lan ora bisa ditebus, saiki arep nggadhekake emas kang kari siji? Wong lanang kaya apa aku iki?"

Kaya ngerti isining atine bojone, Munawaroh nyedhaki bojone. Bambang dirangkul, njur dikekep.

"Mas, Panjenengan menika PNS, saben wulan taksih nampi arta."

22 | Antologi Cerkak