Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/34

Kaca iki wis divalidasi

Bambang njur ngekep Munawaroh. Dheweke anak ontang anting, ibuke wis tilar donya, kari bapake kang ana ing Banyumas, kamangka dheweke nyambut gawe ana Purwodadi.

"Dhuwit okeh kuwi ora kanggo mbayar rumah sakit, Waroh, ning kanggo mbayar wong liya amerga ora ana sedulure bapak kang gelem njaga bapak."

Nasri dhehem, sesawangan wong telu kang kaya reca banjur ambyar. Nasri nyawang Bambang, Juminten ngukuri pipine, Bambang isih nyawang pucuking godhong cemara.

"Nyawang apa kowe lah, Le? Manuk, ya?" pitakone Lik Nasri kang basa ngapake ketok banget, beda karo Bambang kang wis suwe ana ing Purwodadi. Bambang gragapan.

"Inggih, Lik," celathune Bambang karo benerake masker kang rada mlorot. Ing kahanan corona, mlebu rumah sakit kudu nganggo masker lan sing jaga wong kang lara, ya, mung wong siji tur ora entuk dibesuk.

"Dadi kaya kiye, Le," kandhane Lik Nasri. "Inyong nandhesna, nek, Si Yono, anake inyong pancen nganggur, nanging ora bisa nunggoni bapakmu amerga arep golet gaweyan."

"Inggih, Pak Lik," wangsulane Bambang alon. Menawa ora kahanan corona, apa maneh dudu PNS, aku bisa mlebu metu kutha Purwodadi — Banyumas tanpa layang kesehatan utawa layang ora kena covid, mesthi aku nunggoni dhewe bapakku," mengkono swarane Bambang ingati.

Wingenane putrane Lik Sanga dah ngabari saka whatsapp, anakke ora bisa nunggoni bapake Bambang, mengkono uga sedulur liyane.

"Nggolet wong liya baelah, Le, sedina pira, kaya kuwelah ben penak! Awakmu glidhik ya, penak, bapakmu ning rumah sakit, ya, ana sing ngrumat!" celathune Lik Nasri entheng tanpa kelingan sapa bapake Bambang lan sapa dheweke.

Nalika Rembulan Bunder | 23