Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/35

Kaca iki wis divalidasi

Nalika rong taun kepungkur, bada taun 2018, ing wayah wengi sakwise bada dina ketelu.

"Menyang ngeneh, Mbang, bapak arep ngomong!"

"Nggih, Bapak," wangsulane Bambang age-age nyedhaki bapake sing lagi pinarak ana ing kursi ngarep tivi. Nalika kelas telu SD, Bambang nate disabeti sikile amarga ditimbali bapak ora age-age nyedhak. Kedadeyan kuwi ndadekake Bambang nyekeli unggah-ungguh wong Jawa. Ditimbali ndang nyedhak, diprentah ndang nglakokake, ngadhep wong tuwa kudu ngapurancang astane, ora pareng nyentak, lan liya-liyane.

"Bojomu dijak sisan!"

"Nggih."

Munawaroh kang matane kari limang wat dimelek-melekke.

"Ngene, ya, Mbang lan Waroh, pekarangan sing ana ing kiwa omah kae, arep tak wenehke Likmu, Nasri. Ora apa-apa mbok?"

Bambang ngerti tenan menawa bapake kuwi akeh sodakoh marang kulawarga gedhe Angka Suwito, simbahe Bambang. Apa maneh bapake Bambang kuwi anak sing mbarep saka rolas sedulur saw eteng.

"Dherek mawon, Bapak," wangsulane Bambang karo tumungkul.

"Kowe mbok wis duwe omah, pit montor bae ana telu, ngesuk omah kiye ya nggo kowe mbok. Piye, nek pekarangan sing ana sisih kiwa kiye didegke omah anake Lik Nasri."

Bambang mung manut wae. Si Yono ngadegake omah ing pekarangane bapake Bambang. Sedina rong dina apik banget sikepe karo bapake Bambang, sak banjure ketok asline, saiki malah ora gelem nunggoni nalika bapake Bambang lara.

Juminten watuk-watuk, masker kang warna ijo tuwa buthek katon wis suwe ora tau dikumbah.

"Wong liya kuwe arep dibayar sedina seket ewu, mbok ora papa," celatune Lik Juminten.

24 | Antologi Cerkak