Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/36

Kaca iki wis divalidasi

"Seket ewu?" pitakone Lik Nasri karo mleroki bojone. "Lha, seket ewu olih apa? Lha, kae Si Mamat, tukang bangunan bae dibayar sedina satus ewu, tur olih madhang mbok!"

Dheg! Atine Bambang dadi panas. Kaya ngene iki sing jenenge kulawarga? Untung wae Bambang nganggo masker. Raine sing abang ireng ora pati ya ketok, apa maneh banjur krungu unine sirene ambulan kang seru ndadekake kabeh wong kang ana plataran rumah sakit pada ndelok.

"Wonten menapa, Mas?" pitakone Bambang marang perawat kang age-age mlayu ing sacedhake Bambang.

"Ana apa kiye, Mas?" Lik Nasri ugo takon.

"Kayane covid, wong lagi numpak montor njur ambruk."

"Terus?"

"Ya ditlindes trek mbok," wangsulane perawat karo mlayu.

"Mati?" pitakone Lik Juminten ora diwangsuli.

Ya Allah, covid maneh, covid maneh, swarane Bambang ingati.

Wong-wong kang ana ing plataran rumah sakit Banyumas padha ngadoh saka ambulan kang nggawa wong sing jarene kena covid.

"Ngaten mawon, Lik, kula tak mlebet sal, badhe omong-omong kaliyan bojo kula teng lebet," kandhane Bambang karo ngadeg. "Perkawis tiyang ingkang badhe njagi Bapak, mangke sonten bakda isya kula sowan"

Lik Nasri lan Lik Juminten iya ngadeg.

"Ya, ngono, ya, ora papa."

Bambang jumangkah tumuju sal rumah sakit, tanpa nolah-noleh. Ana ing jumangkahan, dheweke isih keprungu swara.

"Satus ewu sedina, olih madhang mbok."

Pekarangan kagungane bapake Bambang isih kaya dhisik. Ana wit pelem ing sisih kiwane, ing sisih tengene ana wit rambutan. Dhisik manuk prenjak mabur mencloking pang-pang wit rambutan. Saiki, manuk prenjak wis ilang merga ditembaki wong.

Nalika Rembulan Bunder | 25