Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/37

Kaca iki wis divalidasi

Ing omahe bapake Bambang kang sakane kayu jati kabeh, wis kumpul Lik Nasri, Yono, Lik Juminten, lan adhi-adhine bapake Bambang liyane. Kabeh padha celathu, urun rembug babagan ngrawat bapake Bambang kang gerah stroke. Intine mung siji, sing ngrawat sedina dibayar satus ewu. Bambang mung inggah inggih wae nanging atine mbedhedheg, mulane mung rong puluh menit cecaturan, sabanjure Bambang metu ninggalake sedulure kang lagi pada ngunjuk lan dhahar tela goreng.

"Urung turu, Waroh?" swarane Bambang ing speker handphone.

"Dereng, Mas," wangsulane Waroh kang nembe wae ngemuli mertuwane.

"Bapak wis sare?" pitakone Bambang karo nablek lemut kang nyokot sikile. Bambang ndhodhok sak ngisore wit pelem. "Nek urung sare aja telpun merga iki wadi, Dhik."

"Sampun, Mas," wangsulane Munawaroh sinambi benerake slang infuse mertuwane.

"Ngene, Waroh, kalungmu digadhekake, ya?"

"Nggih, Mas," praupane Munaw oroh ketok susah. Ora merga arep kelangan kalung ananging kedadeyan sing ora sak mesthine ing jroning kulawarga.

"Ngene, Waroh, Lik Nasri lan kulawarga liyane njaluk satus ewu sedina, apa arep nggolet wong liya apa arep nganggo kulawargane dhewe. Enake piye, Waroh?"

"Disaguhi mawon, Kangmas."

"Bener?"

"Saestu."

Bambang thenger-thenger.

"Njur sapa sing nunggoni?"

"Nggih Lik Nasri mawon, napa tiyang njawi?"

"Menawa wong liya, piye aloke sedulur amerga akeh sing nganggur. Nek sedulur ketok saru njaluk bayare, ning piye, ya,"

26 | Antologi Cekak