Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/38

Kaca iki wis divalidasi

panggrantese Bambang. "Kaya ngene iki menawa dadi wong Jawa, apa-apa kudu dirasa."

"Menawi penggalih kula, sae Lik Nasri mawon. Mbok bilih Lik Nasri nggih betah arta."

"Kuwi ora mung butuh dhuwit, Waroh, ning ngrampok!" swarane Bambang sora. "Kawit dhisit tekan saiki kuwi apike nek mung ana dhuwit!"

"Mas..."

"Iya, Waroh! Kawit dhisit tekan saiki bapak senenge aweh apa wae, ning sing diwenehi ora tau ngerti!"

"Mas!"

"Ya, ben!" swarane Bambang isih sora. "Bapak kudu pirsa kaya ngono kuwi sikepe adhik-adhike bapak! Kudune bapak, ki, kersa digawa karo awake dhewe ana Purwodadi!"

"Mas..."

Bambang kaget karo sikepe dhewe, bisa nepsu. Sak lawase urip Bambang kudu ngalah, ngalah kuwi luhur wekasane, mengkono kuwi piwulange wong Jawa. Bambang banjur unjal ambegan.

"Mas," celathune Munawaroh memelas. "Sabar, kados pundi kemawon menika kulawarga kita."

Bambang mbedhedheg pisan atine nganti ana lemut nyokot tangane wae dheweke ora krasa.

"Dingapura ya, mengkono kuwi uripe wong Jawa, kudu sabar, kudu ngalah karo sedulur tuwa."

Bapake Bambang melek, mripate namatake Munawaroh. Munawaroh kang ana sampinge njenggirat kaget.

"Ba..ba..pak mboten sare?"

"Ora, Ndhuk, suk nek wis mari, Bapak pengin dadi siji ana ing Purwodadi."

Munawaroh ndomblong, hand phone-e diglethake ana ing meja, dheweke nyedhaki maratuwane, swarane Bambang kang ana ing speaker hand phone ora digape.

Nalika Rembulan Bunder | 27