Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/39

Kaca iki wis divalidasi

"Waroh... halo... Waroh... piye, ki, ora krungu, pa?"

"Saestu Bapak badhe dados setunggal ing Purwodadi?" pitakone Munawaroh bungah.

"Iya, Ndhuk."

Sak tleraman Munawaroh lali karo bojone, begja banjur kelingan.

"Mas, Mas," swarane Munawaroh ing ponsel-e. "Mas, lho mati?"

Atine Bambang ora karu-karuwan ngerti bojone ora sambung anggone telpun. Ing pikirane, bapake mesthi ana apa-apa kamangka wingi wis ana kemajuan jarene dokter. Wektu kuwi uga Bambang banjur mancal pit montore menyang RSU Banyumas.

Bambang nganthi udreg-edregan karo satpame rumah sakit amarga ngeyel arep mlebu sal. Amarga raine Bambang kang kethok kuwatir lan gugup, uga Bambang bisa menehi alesan sing pener, pak satpam dadine ngentukake mlebu.

"Ya, wis, Mas, ning aja suwe-suwe, mundhak aku sing didukani pejabat ing kene."

"Nggih, Pak, maturnuwun," celathune Bambang karo mlayu. Nalika Bambang mlebu sal, mripate namatake paturone bapake. Raine sing pucet lan ambegane sing ngos-ngosan, sanalika ilang ngerteni menawa bapake katon sumringah dikancani bojone.

"Bap..."

"Wis ora sah ngomong mbok," celathune bapake Bambang karo ngawe anake supaya nyedhak. "Bapak pengin pindhah neng Purwodadi, melu neng ngomahmu, olih mbok?"

"Saestu?" atine Bambang kaya hawa panas kang disiram es. "Lha, nggih pareng to Pak, nanging saestu, Pak?"

"Lha, iyalah, mbok."

"Lajeng griya wonten Purwokerto?"

28 | Antologi Cerkak