Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/40

Kaca iki wis divalidasi

Bapake Bambang mesem, "Didol baelah."

"Lho, kula sampun wonten griya." Kanggone Bambang, anggere bapake melu dheweke ning Purwodadi kuwi wis nyenengake.

"Mbok bisa kanggo tuku montor."

"Sampun wonten tiga, Pak, setunggal kangge glidhik kula, setunggal kangge Surti sekolah wonten SMA, setunggal kangge Munawaroh, sampun cekap."

"Kuwe pit montor, Le, Bapak pengin awakmu duwe montorlah." Alon lan ketok bungah pasuryane bapake Bambang.

"Inyong pengin putu siji maning, mbok nek ana montor dadi bisa lunga kabeh mbok."

"Nggih,Pak." Bambang ora isa nolak kekarepane bapake, kuwi uga kekarepan sing apik.

Bambang banjur benerake slimut lan ngambung tangane bapake. Dheweke arep metu saka sal amerga ora entuk wong loro kang ana ing sal. Sadurunge jumangkah saka sal, Bambang ngendhegake jumangkahe.

"Wonten napa, Mas?" Munawaroh pitakon. Bambang nyawang bapake.

"Ana apa, Le?"

"Bapak badhe ndherek wonten Purwodadi tuwin nyade griya menapa amergi nyuwun putu malih?"

"Oralah"

Bambang meneng bingung.

"Kuwe merga awakmu wani benerake sing bener lan nyalahke sing salah mbok."

Ora mung Bambang sing bingung, Munawaroh uga bingung.

"Telpunmu karo bojomu kae, ndadekna inyong ngerti nek saiki awakmu wis dadi wong Jawa sing pener." Bapake Bambang unjal ambegan dawa. "Wong Jawa kuwi ora mung sabar, ya, ora mung wani ngalah, ning, ya, kudu wani ngomong mbok. Nek

Nalika Rembulan Bunder | 29