Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/41

Kaca iki wis divalidasi

ana sing ora pener, ya, dipenerna, nek perlu gelut barang ora papa ta le."

Bambang nyedhaki paturonane bapake.

"Ora mung omah, kabeh lemah kudu didol. Aja ngangsi dhuwite nyong dirayah wong sing ora tresna karo kulawarga."

Bambang nyawang bapake, sungkem maneh, banjur metu saka sal.Ing ati ana piwulang maneh, wong Jawa kuwi ora klemak klemek, alus, ngalahan, nanging kudu wani perang kanggo njejegake lan ngedegake sing adil lan sing bener.

Purwodadi, 28 Juni 2020

Misni, lair ing Salatiga, surya kaping 18 wulan Maret tahun 1965. Mapan ing 1) Jalan Sangkata Blok B Nomor 9, Perum Ayodya 1 RT 02/ RW 20, Kelurahan Kuripan, Kecamatan Purwodadi, Kabupaten Grobogan 58112, 2) Dusun Dukuh RT 2, RW 1, Desa Batur, Kecamatan Getasan, Kabupaten Semarang. Saiki mucal ing SMKN1 Purwodadi, ingkang mapan ing Jalan P. Diponegoro 24, Purwodadi, Grobogan 58113.

30 | Antologi Cerkak