Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/42

Kaca iki wis divalidasi
Dhuh Biyung...
Arika Nur Alifah

Esuk durung sawutuhe sampurna. Kahanan jaba isih rada repet. Arimbi nyiapake sarapan ing pawon kanggo sangu ning sekolah. Itung-itung dhuwit kang kanggo jajan bisa dicelengi kanggo kabutuhan liyane.

Awit tangi turu, Arimbi ora meruhi ibune. Pojok-pojok omah wus diubengi nanging ora ana babar blas ambu-ambu kringet pawon kang saben dinane diambu Arimbi nalika ketemu ibune ing wayah esuk.

"Sat....Sat.. coba mrene sedhela!" swarane Arimbi karo ngawe-awe Satriya kang lagi nyapu ing latar omah Rumangsa diceluk, Satriya banjur marani Arimbi.

"Ana apa, Mbak? Esuk-esuk kok wis katon surem praupane," pitakone karo nyelehake sapu ing ngisor meja kang mapan ana ing sisihe lawang ngarep omah.

"Kowe ngerti ora, Sat, Ibu ana ning endi? Awit aku tangi turu nganti seprene aku durung nemoni praupane Ibu," pitakone Arimbi.

"Lho... takkira sing ning pawon iku mau Ibu. Jebule dudu, ta? Hm... aku ya ora ngerti Ibu lunga ning endi. Menawa aku ngerti, wus bakal takwangsuli pitakonmu iku mau," jlentrehane Satriya kanthi cetha.

"Ya wis, ya wis! Gek gage siyap-siyap. Srengengene wus katon njingglang," akone Arimbi.

Nalika Rembulan Bunder | 31