Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/44

Kaca iki wis divalidasi

"Geneya? Ana apa? Mrene, mbok ya crita marang aku," alokke Pratiwi.

"Embuh, aku isih linglung," jlentrehane Arimbi karo ngukur rambute kang sakjane ora gatel.

Jam ngaso wus muni banter. Arimbi mbukak sangu sega saka omah mau. Nanging dheweke lali menawa ora sangu ngombe. Arep tuku menyang kantin, jebule sak sing dirogoh-rogoh ora methungul dhuwite. Lali, Arimbi lali menawa awit ibune lunga menyang pasar mau Arimbi durung diwenehi sangu.

Hm... ya kepriye maneh, gelem ora gelem Arimbi mangan sakanane. Nalika lopak-lopak kang dibuka, sega kang arep diemplok, dumadakan tangan tengerne nyampluk lopak-lopak sing isine siji-sijining bandha kang diduweni saiki. Mak jengkirat! Arimbi kaget. Jantung kang wiwite makarya alon, saiki dadi mlayu balapan. Arimbi langsung ndhodhok njupuki upa-upa kang kacecer ana ing jobin. Pungkasan, Arimbi ora bisa mangan apa-apa.

Bakda duhur, ana tukang kebon kang teka ing kelase Arimbi. Embuh ora jelas tekane. Tukang kebon iku mau nggremeng-nggremeng marang pak guru kang ngajar ing kelase Arimbi saiki. Rada sayu-sayu, Arimbi keprungu menawa jenenge disebut. Nanging, Arimbi bisa apa? Wong tukang kebon iku mau amung njagongi pak guru kang lungguh ana ing meja guru

Megane wus rada abang. Sekolah dirampungi. Arimbi lan Satriya njupuk motor kang ana ing parkiran banjur tumuju marang papan kang dianggep swarga donya. Sawuse tekan omah, bocah loro iku mau tetep ora meruhi praupane ibune. Aneh. Ana kang aneh ing kene. Mosok wiwit jumedhule bagaskara, nganti tekane mega, ibu durung ana ing omah.

"Kowe ngerti ora, Sat, ibu ana ning endi? Kok aku rumangsa kuwatir," blakane Arimbi.

"Piye ta, kowe ki.... awitisuk nganti seprene kan awakdhewe bebareng. Kok malah takon karo aku lho... jan bocah ra genah," guyonane Satriya.

Nalika Rembulan Bunder | 33