Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/45

Kaca iki wis divalidasi

"Hehe... ya sepurane. Aku lali," ujare Arimbi.

Saka kadohan ing brang wetan, Pakdhe Karta mlayu kesusu. Mandheg ing ngarep pas omahe Arimbi. Ambegane ora bisa diatur. Ngos-ngosan. Banyu kringet mili deres ngebaki salira kang ndadekake ambune rada ora kepenak.

"Wonten punapa, Pakdhe.. wonten punapa? Kok kemrungsung," pitakone Arimbi.

"Anu, Rim... anu," aluke Pakdhe Karta sinambi ngukur sirahe kang ora gatel.

"Anu punapa?" Pitakone Arimbi kang kaya wong linglung.

"Anu, Rim, Sat, ibumu..." blakane Pakdhe Karta kang durung rampung wis disaut dening Satriya.

"Ana apa, Pakdhe? Menawa ora gelem matur mbok ya ora usah matur, katimbang ndadekake wong penasaran!" unine Satriya kanthi mangkel.

"Anu... ibumu kecelakaan ning prapatan dalan gedhe cedhak pasar kae. Saiki digawa ning rumah sakit sing biyen tau dinggoni bapakmu nalika lara kae," blakane Pakdhe Karta cetha.

Makdheg, maktratap. Jantung makarya ora karuwan. Kaget rikala keprungu andharane Pakdhe Karta.

"Alah, Dhe... Pakdhe. Mbok ya, aja dolanan, mundhak dadi tenan lho. Dongane panjenengan kok elek tenan," ature Satriya kang ora percaya maring ukara iku mau.

"Huss, Sat, meneng dhisik. Aja medhot ukara sakpenake dhewe. Saru!" ujare Arimbi.

"Aku ora ngapusi, Rim. Ayo takterke menyang papan ibumu saiki," blakane Pakdhe Karta.

Arimbi, Satriya, lan Pakdhe Karta banjur lunga menyang papan ibune bocah ambu kencur iku mau. Ing sapiturute dalan, rasa kuwatir ngebaki pikirane Arimbi lan Satriya. Kuwatir menawa ana apa-apa marang ibune, amarga sing diduweni saiki ya ibu. Bapak wus ninggalke donya wiwit Arimbi lan Satriya isih lungguh bangku SD amarga ketabrak motor kang playune banter.

34 | Antologi Cerkak