Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/46

Kaca iki wis divalidasi

Satekane ning rumah sakit, bocah loro mau nggoleki ruangan kang dituroni ibune saiki.

"Adhuh, Ibu, kepripun, Bu kok saged kados mekaten niki?" pitakone Arimbi rikala wus mapan ing ngarep amben ibune.

"Inggih, Bu, pundi ingkang kraos sakit, Bu? Pundi? Gage dipunoperasi mawon," ujare Satriya kanthi rasa kuwatir.

"Lambemu, Sat, taktapuk lho...," nesune Arimbi.

"Hehe... sepurane, Mbak. Jenenge iya lagi kuwatir."

"Ibu ora apa-apa Sat, Rim. Mung bokonge ibu pancen rada lara sithik. Ora apa-apa. Ibu sih bagas kuwarasan," blakane ibu.

"Alhamdulillah...Ibu ora apa-apa, Gusti. Sehat! Ginuk-ginuk..." bengoke Satriya kang langsung ditutup lambene dening Arimbi amarga bengak-bengok ing rumah sakit.

Bocah loro mau nunggoni ibune. Ngrumati ibu kang isih leyeh-leyeh ing amben rumah sakit. Dirumat kanthi welas asih lan tulus. Pakdhe Karta kang nyawang kahanan iku dadi trenyuh ing ati. Jaman saiki, isih ana bocah-bocah kang ora isin gemati marang wong tuwa.

Telung dina wus mungkur. Ibu wis entuk bali menyang omah. Pancen krasa suwe, ananging kabeh kudu disyukuri marga Gusti isih paring bagas kuwarasan marang saben pawongan. Arimbi, Satriya, uga ibune mulih saka rumah sakit lan uga bisa nglakoni kegiyatan kaya saben dinane.

Arika Nur Alifah, lair ing Boyolali, 18 April 2002. Alamate ing Desa Krapyak Timur 003/011, Kelurahan Bintoro, Kecamatan Demak, Kabupaten Demak, Jawa Tengah utawa ing Dhukuh Beran 006/002, Desa Pranggong Kecamatan Andong Kabupaten Boyolali, Jawa Tengah. Nate ngudi kawruh ing SMAN 1 Andong Boyolali. Sesambungan bisa lumantar facebook: Arika Nur Alifa utawa pos-el: arikanuralifa@gmail.com.

Nalika Rembulan Bunder | 35