Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/47

Kaca iki wis divalidasi
Dhompet
Fajrin Dwi Artika

Pak Karto durung bisa turu sanadyan pandom jam wis nuduhake jam sewelas wengi. Wis ora ana swara wong padha jejagongan. Ora ana swara kendaraan sing liwat amarga neng desa ora kaya neng kutha sing kendaraan sliwar-sliwer ora ngerti wayah. Ora ana swara TV utawa radio maneh. Kabeh wis sini­rep katut hawa wengi sing sangsaya nyenyet. Pak Karto isih durung bisa meremake mripate. Pikirane isih nggagas dhompet sing ditemu awan mau neng pinggir dalan nalika dheweke mulih kerja.

Pikirane Pak Karto digandhuli rong pilihan, mbalekake dhom­pet mau marang sing nduwe utawa dipek wae, wong pancen dheweke nemu, ora nyolong. Apa maneh butuhe Pak Karto pancen akeh. Sasi iki dheweke kudu bayar sekolahe Ratri, anake wedok, sing ngancik neng kelas 2 SMA. Nanging, pikirane uga mamang menawa arep nganggo dhuwit kang dudu duweke dhewe. Pikirane Pak Karto dadi semrawut. Bola-bali meremake mripate tetep wae ora bisa turu.

Yen dheweke nggunakake dhuwit sing ana ing njero dhompet kuwi mau apa wong liya ya bakal weruh? Mesthi wae ora. Yen dhuwit njero dhompet kuwi mau dinggo, dheweke wis ora bakal ngelu maneh mikir butuh sasi iki sing sangsaya akeh amarga kanggo bayar sekokah anake.

Bu Karto sing wiwit bar isak wis turu gasik uga ora mangerteni yen sing lanang isih bingung merga dhompet sing

36 | Antologi Cerkak