Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/49

Kaca iki wis divalidasi

"Dhompete isih ana ta, Bu?" pitakone Pak Karto marang sing wedok.

Sing ditakoni malah bingung amarga ora mudheng sing ditakokake sing lanang. Malah ngira yen sing lanang kuwi mau bar ngimpi.

"Dhompet apa, Pak?" wangsulane Bu Karto karo alise njengkerut.

"Oh, anu Bu, dhompet,... dhompet olehku nemu wingi awan neng pinggir dalan nalika mulih kerja," sumaure Pak Karto karo njupuk dhompet sing disimpen neng ngisor bantal.

"Iki lho Bu, wingi mulih kerja aku nemu iki neng dalan. Wingi ya wis takbukak, isine ana dhuwite akeh, ora ngerti gunggunge pira, ning sing jelas genah yen akeh wong atusan kabeh. Kejaba kuwi, uga ana surat-surat penting liyane," bacute Pak Karto marang sing wedok.

"Lha njur, dhompet kuwi duweke sapa, Pak? Lha mbok diwaca wae jeneng lan alamate ngendi, ben ngerti," sumaure Bu Karto karo njupuk dhompet sing dicekeli sing lanang.

"Kana Njenengan subuhan sik, selak kawanen," bacute Bu Karto.

Watara sepuluh menitan Pak Karto mbalik menyang kamar maneh. Bu karto katon ngetokake surat-surat penting sing ana ing njero dhompet sing dicekeli. Pak karto banjur nyedhaki sing wedok.

"Iki lho, Pak, ana KTP-ne, jenenge Budi Santoso, alamate Perumahan Ayodya siji, Purwodadi, Grobogan," ujare Bu Karto maca jeneng lan tulisan sing ana ing KTP.

"Awan mau aku uga wis mbukak, nanging merga isine dhuwit akehekayangono aku njurwedi dhewe, Bu," wangsulane Pak Karto cekak.

"Saiki njur piye penake, Bu? Dhompet iki dibalekake sing nduwe apa...?" ujare Pak Karto nanging ora dibacutake olehe ngomong. Dheweke kelingan ngimpine. Dheweke menehake dhuwit saka dhompet kuwi marang sing wedok.

38 | Antologi Cerkak