Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/50

Kaca iki wis divalidasi

"Apa piye karepe, Pak?" wangsulane Bu Karto sajak nlesih sing lanang.

"Aku dhewe bingung, Bu, sasi iki butuhe dhewe akeh kanggo bayar sekolahe Ratri. Jare sasi iki kudu lunas. Apa dhuwit sing ana ing dhompet iku...?" ujare Pak Karto kandheg ora dibacutake amarga disela sing wedok.

"Aja, Pak, iki dudu duweke dhewe. Sanadyan ta awake dhewe lagi kecingkrangan, lagi butuh dhuwit, awake dhewe ora kena nggunakake dhuwit sing dudu hake dhewe, dudu duweke dhewe. Wis dhompete dibalekake wae, wong iki uga ana jeneng lan alamate. ingo ora mesakake sing kelangan yen nganti dhuwit iki lan surat-surat penting sing neng kene ora dibalekake?" ujare Bu Karto sing sajak rada ora sarujuk karo panemune Pak Karto sing arep nggunakake dhuwit mau.

"Nanging, Bu...," wangsulane Pak Karto sing kandheg ingoora dibacutake.

"Wis, Pak, eling, iki dudu duweke dhewe, aja ingo, luwih becik dibalekake sing nduwe, perkara biayane Ratri mengko disilih-silihake isih bisa. Sing baku aja nganti nganggo dhuwit sing dudu duweke dhewe. Yen awake dhewe duwe niat apik mesthi mengko bakal ana gantine saka Gusti Allah, Pak," ujare Bu Karto sing nggawe atine Pak Karto dadi kagugah.

"Ya wis, Bu, mengko taknuju alamat sing ana ing KTP kuwi, muga-muga wae ora kesasar, mengko bakal takbalekake dhompet iku. Wis saiki bungkusen nganggo kertas, njur selehna kana sik, aku takneng kebon sedhelok. Mulih saka kebon mengko taklangsung mbalekake dhompet iku," wangsulane Pak Karto sambi ganti panganggo merga arep menyang kebon.

Pak Karta isane ya mung kerja srabutan. Yen ana wong sing perlu nggunakake tenagane ya diayahi. Yen ora ana sing butuh tenagane, Pak Karta ya nggarap kebon sing ambane ora sepira neng cedhak omahe. Kebon kuwi wae biyen tinggalane wong tuwane. Sanadyan ora amba, kebon mau isa kanggo nandur-

Nalika Rembulan Bunder | 39