Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/51

Kaca iki wis divalidasi

nandur, isa kanggo tambah-tambah. Umpama ngepasi ora ana dhuwit babar blas, isa methik janganan godhong pohung utawa godhong telo kanggo mangan.

***

Mulih saka kebon, Pak Karto salin klambi. Dheweke banjur pamit marang bojone arep ngeterake dhompet neng alamat sing ana ing njerone. Pak Karto nyegat bis arah Purwodadi. Bis sing ditumpangi mlaku banter, nganti ora kurang saka sak jam wis tekan Terminal Purwodadi. Pak karto mudhun saka bis banjur takon marang tukang becak sing ana ing sacedhake Terminal Pur­wodadi. Sawise antuk ancer-ancer, Pak Karto banjur mlaku me­nyang papan kang tinuju, yaiku alamat sing nduwe dhompet iku.

Watara telung puluh menitan mubeng-mubeng nggoleki alamat, pandelenge Pak Karto tumuju omah cet oranye sing katon gedhe lan pagere uga dhuwur. Neng garasi uga ana mobil Fortuner putih sing isih klebu anyar yen dideleng saka plat nomere. Mesthi wae sing duwe omah klebu wong sing sugih yen dideleng saka omahe. Sanadyan rada wedi lan mamang. Pak Karto jumangkah nuju pager banjur uluk salam. Ora watara suwe metu wong wadon sing wis rada umur mbukakake pager.

"Nyuwun pirsa, menapa leres menika dalemipun Pak Budi Santoso?" pitakone Pak Karto karo ngelungake KTP marang wong wadon sing mbok menawa rewange omah kuwi.

"Inggih leres, lha menika KTP Pak Budi?" wangsulane cekak.

"Saged pinanggih Pak Budi sekedhap?" pitakone Pak Karto.

"Inggih, saged, tengga sekedhap, monggo pinarak won­ten nglebet mawon," wangsulane wong wadon mau karo mang­gakake tamune.

Ora watara suwe banjur metu wong wadon pakulitane resik nganggo jilbab werna ungu, katon yen piyayi.

40 | Antologi Cerkak