Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/52

Kaca iki wis divalidasi

"Mangga, Pak, pinarak. Tepangaken kula Bu Budi. Nyuwun ngapunten Pak Budi nembe siram, tengga sekedhap nggih. Badhe wonten kersa menapa?" pitakone.

"Oh, nggih, Bu. Tepangaken kula Pak Karto. Ngaten, sowan kula mriki namung badhe ngaturaken menika," wangsulane Pak Karto karo ngelungake dhompet lan KTP marang Bu Budi.

"Lho, niki rak dhompete Bapake, lha kok saged teng Panjenengan niku pripun larah-larahane?" pitakone Bu Budi.

"Nggih, kala wingi kula nemu dhompet menika ing margi wekdal wangsul kerja. Nyuwun pangapunten menawi kala wingi kula bikak supados mangertos sinten ingkang kagungan. Isinipun tasih wetah, mangga saged dipunpirsani rumiyin," wangsulane Pak karto aweh katrangan marang bojone Pak Budi.

"Oalah, nggih. Matur nuwun sanget. Bapake wiwit kala wingi sampun bingung madosi dhompet niki. Lha isinipun surat-surat penting sedaya. Matur nuwun sanget lho, Pak. Mangga dipununjuk rumiyin," ujare Bu Budi manggakake.

Lagi wae Pak Karto nyruput teh saka cangkir, dumakakan saka ruwang tengah metu pawongan gedhe dhuwur nganggo celana lan kaos oblong, ketok gagahe.

"Mangga, sinten nggih?" ujare Pak Budi marang tamu sing lungguh neng ngarepe bojone.

"Iki lho, Pak. Dhompete Njenengan ketemu, ditemokake karo Bapake iki," cluluke sing wedok marang Pak Budi.

Pak Budi banjur ngajak salaman tamune. Nanging, Pak Budi lan Pak Karto malah padha pandeng-pandengan. Pak Budi ngeling-eling sapa wong sing neng ngarepe kuwi. Semono uga Pak Karto, kaya-kaya wis tau weruh, nanging neng ngendi. Bareng sawetara suwe banjur lagi kelingan.

"Kar, Karto Sardi, apa bener Njenengan Karto Sardi?" pitakone Pak Budi marang Pak Karto sing neng ngarepe. Dheweke kelingan yen jaman SMP duwe kanca jenenge Karto Sardi.

Nalika Rembulan Bunder | 41