Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/53

Kaca iki wis divalidasi

Sanadyan rasa mamang, Pak Budi Santoso kaya yakin yen pawongan sing neng ngarepe kuwi kanca lawase nalika SMP.

"Lho, Bud, oalah Gusti..., jebule Budi Santoso sing ana ing KTP iki awakmu ta. Lha kok beda karo neng foto KTP. Aku kok ya blas ora nglegewa lan kelingan menawa foto neng KTP iki fotomu Bud, ketok beda, wis malih tambah nggantheng nganti aku pangling," ujare Pak Karto sajak bungah bisa ketemu kanca lawase jaman SMP lumantar dhompet kang tinemu.

"Lho, Panjenengan sampun sami tepang ta? Oalah kok ya kepeneran," ujare Bu Budi melu urun rembug.

"Iya, Bu. Iki Karto, kancaku SMP biyen," wangsulane Pak Budi.

"Mbok menawi sampun diatur dening Gusti Allah, Bu," ujare Pak Karto.

"Alhamdulillah, monggo dipunsekecakaken," bacute Bu Budi banjur ngadeg mlebu ruwang tengah.

"Aku wingi nemokake dhompetmu, isine isih wutuh ora takjupuk. Nanging, aku njaluk ngapura yen aku kapeksa bukak dhompete saperlu njupuk KTP, amarga kepengin ngerti sapa sing nduwe dhompet iki, lha jebul kok malah awakmu," celatune Pak Karto maneh.

"Alhamdulillah Gusti, lha kok ya pas, kok ya beja nemen awakku, dhompet ilang nganti bingung olehku nggoleki amarga surat-surat penting neng kene kabeh, lha kok sing nemu kancaku dhewe. Matur nuwun, Kar, matur nuwun," ujare Pak Budi karo ngrangkul Pak Karto amarga saking bungahe.

"Padha-padha, mbok menawa iki pancen wis diatur dening Gusti supaya awake dhewe bisa ketemu, iya pora?" wangsulane Pak Karto cekak.

Kekarone banjur crita ngalor ngidul ngetan-ngulon, nyeritakake lelakone uripe dhewe-dhewe. Pungkasane, Pak Karto ditawani kerja dadi pegawene Pak Budi sing lagi wae mbukak usaha. Saiba bungahe Pak Karto amarga ya gaweyan sing maton

42 | Antologi Cerkak