Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/54

Kaca iki wis divalidasi

sing dibutuhake kanggo nyambung urip. Saiki dheweke bakal entuk gaweyan saka kanca SMP.

Pak Karto mulih kanthi nggawa esem kang sumungging ing lathine. Ana cahya sumorot saka pasuryane Pak Karto amarga dheweke bakal antuk gaweyan sing luwih aji, bisa kanggo nyukupi butuh sing sangsaya tambah akeh. Kerja bareng kanca lawase, sing wis puluhan tahun ora tau ketemu, lan bisa ketemu lumantar dhompet sing ditemokake. *Cuthel

Fajrin Dwi Artika, lair ing Grobogan, 16 September 1985. Alumni Universitas Negeri Semarang iki ing taun 2018 nerbitake buku tunggal pertama Media Pembelajaran Bahasa Jawa. Buku tunggal kaping loro wujud kumpulan geguritan Asung Pitedah terbit ing taun 2019. Dheweke uga melu nulis bebarengan buku kumpulan esai Padmapuspita ing Tlaga Jawi (2019), kumpulan geguritan Ketawang Angen-angen (2019), kumpulan cerkak Kusumaning Driya (2019), lan antologi crita cekak Sekaring Pasamuwan (2020). Wektu iki penulis manggon ing Jalan Mekarsari IV C, RT 6, RW IV, Danyang, Purwodadi, Grobogan, Jawa Tengah. Handphone: 085875127731. Pos-el: fajrinartika@gmail.com.

Nalika Rembulan Bunder | 43