Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/55

Kaca iki wis divalidasi
HP Anyar
Istikomah

Pasar desa kang nalika semana manggon ana sapinggiring dalan gedhe, saiki wis gumathok dadi siji. Biyen, saben Legi lan Wage mapane ana prapatan desa. Dene Kliwon lan Pahing mapan ing ngarep bale desa. Sengaja digilir kaya ngono tujuane, ya, supaya ora sepi saka wong tuku. Sebab, antarane prapatan lan baledesa adohe wetara rongkilo. Mung wae yen pasaran Pon, pasar kuwi prei, ora ana sing dodolan.

Wiwitane jaman semana uga ora nyana yen saiki dadi pasar gedhe. Siji loro warga kono, asale mung nggelar dodolan ing pinggir dalan. Bareng dagangane payu, banjur akeh sing padha melu dodolan. Kepara malah wong liya desa uga melu-melu mbukak dhasaran, olehe dodolan uga ora padha. Maneka warna dagangan kabeh ana. Wiwit jajanan, bumbu pawon, palawija, sandhangan, uga grabah ana sing adol.

"Bu Desti, mangga, Bu. Ngersakke napa, Bu? Mangga pinarak riyin," celathune bojoku kanthi grapyak.

"Ana kemejakemeja werna putih ora ya, Mbak?" wangsulane sing diaruhi.

"O, wonten. Mangga pinarak riyin, kula padoske," aku gage gumregah ngolak-alik lempitan sing tumata ana lemari sisih pojok.

"Pados sanese ta, Bu. Niki lho,wonten ageman sae-sae, Bu,modhel enggal. Cocok kagempanjenengan." Bojoku miwiti basa-basi.

44 | Antologi Cerkak