Kaca:Nalika Rembulan Bunder.pdf/56

Kaca iki wis divalidasi

Bu Desti kang wis suwe dadi langgananku banjur nampani klambi werna soklat susu modhel anyar sing ditawakke bojoku. Bareng ditempelke ning awake, pancen katon pas lan mantesi. Dhasar piyayine lencir kuning tur ayu rupane, nganggo klambi modhel apa wae, ya, tetep pantes. Apamaneh yen klambi anyar modhel lan wernane kaya sing lagi dipaske awakke kuwi, mesthi wae samsaya nambah kasulistyane.

"Lho, ya, saestu cocok sanget lo, Bu. Jiyan, ketok tambah nom pokoke," celathune bojoku maneh.

"Halah, sampeyan ki, ya, ngono kuwi. Padune ngrayu, ben kepincut njur dituku, ngono, ta? Juruse bakul, apal aku, Mbak." Bu Desti mesem nganti ketara dhekik ing pipine.

"Lha pripun ta, Bu, wong direwangi kados ngetennggih panggah sepi mawon,kok. Bakul-bakul anyar samsaya tambah. Dadi bingung kula kok, Bu. Kawit enjing niki lho, nembe panjenengan. thok ingkang nyedhak, dipuncobi bayangaken, ta." Bojoku miwiti curhat.

Pancen yen karo Bu Desti, dheweke wis akrab banget kaya karo sedulure dhewe. Sebab kejaba ayu, guru SMP sing saumurane bojoku kuwi uga sumanak lan sabar nanggepi yen dijak curhat. Apamaneh yen dina Minggu ngene iki, mesthi bakal betah olehe padha ijol omong.

Kanthi lungguh ing pinggiran los gelaran dagangan, guru kang manis kuwi nampani kemeja sing takwenehke. Sawise didelok sawetara, dhuwit lembaran atusan njur dilungke marang bojoku.

"Aku jupuk kemeja iki wae, Mbak. Sing arep kanggo wae. Liyane ora usah sik, ya. Nggo tuku beras barang dhuwite."

"Lhah, panjenengan ki, lho. Bayarane yen mung kangge tumbas beras rak, ya turah ta, Bu."

"Alhamdulillah cukup, ngono wae, Mbak. Sing baku, yen tuku-tuku rak, ya, kudu sing penting, ora angger pengin apa wae dituku.Yen ora penting banget rak, ya, pemborosan jenenge. Rak ya, ngono ta, Mbak?"

Nalika Rembulan Bunder | 45